Pranoto Adicoro - Teks Pembawa Acara Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum Wr.Wb

Ingkang kinurmatan  romo .....
Ingkang kulo sayangi .......
Lan hadirin hadirot ingkang berbahagia

Sumangga kita sedaya ngaturaken Puji Astungkara dhumateng Ngarsanipun Gusti Allah, ingkang sampun paring Asung Wara Kerta Nugrahanipun dhumateng kita sami, saengga kita sedaya saged makempal dados setunggal, nyawiji  dados siji, wonten ing papan panggonan menika kanthi raharja kalis ing rubeda, rahayu kalis ing diyu.
Saderengipun kula nyuwun pangapunten dene kula kumawantun cumanthaka wonten ngarsanipun panjenengan sami, dene kula namung ngayahi jejibahan ingkang sampun dipunborongaken dhumateng kula minangka pranata adicara wonten ing adicara Piodalan ulang tahun  menika.
Para rawuh ingkang kulakurmati, keparenga kula maosaken reroncene adicara wonten ing siyang menika. Adicara ingkang angka:
    1. ( sepisan ) Atur pambuka
    2. ( kalih ) ……………
    3. ( tiga ) atur palapuran saking ………………..
    4.  ( Sekawan ) ………………….
    5. ( Gangsal ) Panutuping upacara
       
Dungkap adicara ingkang angka :
1.    Atur pambuka, sumangga kita wiwiti kanthi waosan Basmalah :
- Bismillahirohman nirohim

Dipunlajengaken adicara ingkang angka:
2.    Ngancik ing adicara angka kalih inggih menika, ………………………
Dhumateng ingkang angayahi jejibahan, kula sumanggakaken.
   
3.    Tumapak ing adicara angka tiga, Atur palapuran saking Ketua Panitia adicara
Dhumateng panjenenganipun............kula sumanggakaken
   
4.    Tumapak ing adicara angka sekawan, ………………….

Ing wasono dungkap adicoro engkang ongko :
5.    Paripurno soho panutuping upacara kanti doa
Engkang kapimpin dening ………………. wedal kulo  sumanggak’aken.

Mekaten kala wau sedaya adicara kang rinantam saged kelampahan sedaya tanpa alangan setunggal punapa. Salajengipun, kula minangka pranata adicara mbok menawi wonten gonyak-ganyuke wicara, grusa-grusune solah bawa, kula nyuwun gunge sih samudra pangaksami dhumateng panjenengan sedaya..

Wabilahi taufiq walhidayah 
Wassalamu’alaikum Wr.Wb

0 comments:

Post a Comment